-->

Ini Contoh berisi kumpulan contoh surat lengkap, surat lamaran, surat permohonan, surat resmi, cv lamaran, contoh proposal, proposal bisnis, proposal permohonan, RAB & Lampiran proposal, Proposal Sponsorship, Contoh project plan, contoh pidato, pidato berbagai bahasa, contoh MC, contoh makalah, makalah ekonomi, makalah bisnis, semua yang berkaitan dengan administrasi sekolah dan pendidikan.

loading...

Drama dari Cerita Rakyat Bawang Merah Bawang Putih dalam Bahasa Jawa

Naskah Drama Cerita Rakyat
Naskah Drama dari Cerita Rakyat , wacana bawang merah dan bawang putih. cerita drama ini di adopsi dari kisah bawang merah bawang putih dalam bentuk drama bahasa jawa.


Teks Drama Bahasa Jawa "Bawang Merah Bawang Putih"
Ing satunggaling dusun wonten kaluarga bahagia yaiku kaluarganipun Bawang Putih. Nanging bapak Bawang Putih seg wonten peran luar kota dados Bawang Putih tinggal kaliyan ibune ingkang seg gerah. Wonten kaluarga ingkang mboten seneng kaliyan kaluarga Bawang Putih yaiku kaluarga Bawang Merah.
*  Dinten enjing
Bawang Putih   : Enjing bu , kepripun keadaane napa sampun sae?
Ibu Kandung     : Alhamdulillah lumayan.
Bawang Putih   : Napa Ibu purun  kula ndamelaken bubur?
Ibu Kandung     : Nggih anakku ...
Bawang Putih   : Nggih bu , tengge sakejap. Putih ajeng ndamelaken bubur rumiyin.
Ibu Kandung     : Iya sayang ...
Bawang Putih lunga wonten dapur lan nggawe bubur. Sakwise bubur sampun dados , Bawang Putih teras wonten kamar ibune.
*  Wonten kamar
Bawang Putih   : Niki bu buburipun sampun dados.
Ibu Kandung     : Matur nuwun anakku.
Bawang Putih   : Enakkan bu bubur ndamelanipun Putih?
Ibu Kandung     : Inggih nak , enak tenan.
*  Dina sesuke
Bawang Merah  : Assalamu'alaikum.. (kaliyan ngetuk pintu)
Bawang Putih   : Wa'alaikum salam , eh Bawang Merah , monggo mlebet.
Bawang Merah  : Iya , Ibumu ana?
Bawang Putih   : Wonten , niku seg wonten kamar.
Bawang Merah : Aku arep ketemu Ibumu.
Bawang Putih   : Nggih , monggo tak terke.
*  Tekan wonten kamaripun ibu
Bawang Putih   : Bu , niki Bawang Merah badhe ketemu Ibu.
Bawang Merah  : Nggih bi ...
Ibu Kandung     : Mriki Merah , Putih lenggah
Bawang Merah  : Nggih ...
lan Bawang
Putih
Bawang Merah  : Bu , niki Merah Mbetoaken bubur ndamelanipun Ibu Merah.
Ibu Kandung     : Repot-repot , matur nuwun nggih. Bibi maem nggih?
Bawang Merah  : Nggih bi ...
Bawang Putih   : Bu , kulo ijin ngumbaih rumiyin nggih wonten kali? Assalamu'alaikum.
Ibu Kandung     : Wa'alaikum salam
lan Bawang
Merah
*  Sak lajengipun maem bubur saking Bawang Merah ujug-ujug ibu Bawang Putih kejang-kejang lan akhire ninggal. Bawang Merah eksklusif lunga ninggalake ibu Bawang Putih sing seg kejang-kejang lan ngabarake meng ibune.
Bawang Merah  : Ibu ... Ibu ... Ibune Bawang Putih akhire mati.
Ibu Tiri              : Wah tenanan? Kiye kabar sing paling nyenengake (kaliyan  ngguyu). Akhire mati ...
Bawang Merah  : hahahaha ...
Ibu Tiri              : Ngko tiliki ya , terus ethok-ethok nangis. Gole nangis sing bener kowe loh!
Bawang Merah  : Sip bu ....
*  Bawang Putih wangsul saking ngumbaih wonten kali
Bawang Putih   : Assalamu'alaikum , Ibu... Ibu , Putih wangsul bu (meng kamar ibune). Astaghfirullah Ibu , Ibu kenging napa? Aja tinggalake Putih bu ..
Bawang Putih resah lan panik , terase nelfon bapake sing seg kerja ing luar kota.
*  Ing telfon
Bawang Putih   : Pak .. Bapak cepet wangsul
Bapak                : Wonten napa sih Bawang Putih?
Bawang Putih   : Niku pak , Ibu ... Ibu sampun nilar.
Bapak                : Innalillahi , Bapak ajeng wangsul. Assalamu'alaikum ...
Bawang Putih   : Wa'alaikum salam ...
*  Bapakipun Pawang Putih sampun dugi wonten umah.
Bapak                : Putih , ibu pundi?
Bawang Putih   : (karo nangis) Niku pak wonten kamar.
Ibu Tiri              : Putih , kito turut belasungkawa ya ...
Bawang Putih   : Nggih bi , matur nuwun.
Bawang Merah  : (nangis)
lan Ibu Tiri
*  Sakwise pirang wulan , akhire bapak Bawang Putih nikah kaliyan ibu Bawang Merah lan saiki Bawang Putih urip bareng Bawang Merah lan ibu tirine.

Bapak                : Putih , sesuk Bapak ana peran malih nang luar kota , Putih urip sing rukun ya kaliyan Bawang Merah?
Bawang Putih   : Nggih pak , Putih ajeng rukun. Putih nggih sampun anggep mba Bawang Merah dados mba'e Putih.
Bawang Merah  : Iya rayiku ...
*  Dina sesuke Bapak Bawang Putih lunga. Lungane Bapak Bawang Putih nggawe Ibu Bawang Merah lan Bawang Merah bungah amarga mampu nyiksa Bawang Putih.

Bawang Putih   : Yuk mba , kito masak sareng-sareng!
Bawang Merah  : Hah , ra salah krungu? Masak? ngapa saya melu masak , nggawe tanganku kotor bae , wis nganah masak! (njorogna Bawang Putih).
*  Bawang Putih meng dapur karo mikir omongane Bawang Merah. Sakwise masakipun dados , Bawang Putih nyajikna nang meja makan.

Ibu Tiri              : Iki kuliner apa? kok rasane asin (karo numplekna panganan meng rai Bawang Putih).
*  Ujug-ujug Bapak Bawang Putih wangsul.
Bapak                : Assalamu'alaikum ...
*  Ibu tiri kaget krungu bunyi Bapak ngucap salam.
Ibu Tiri              : Bawang Putih sageh resiki kabeh sadurung bapakmu ndeleng!
Bawang Putih   : Nggih bu ...
Ibu Tiri              : Awas kowe ya nek kowe wani ngadu meng bapakmu!
Bapak                : Ana apa kiye kok rungseb tenan?
Ibu Tiri              : Iki pak , Bawang Putih numplekna panganan amarga kirang ati-ati. Ya kan Bawang Putih?
Bawang Putih   : Nggih pak , Putih nyuwun ngapunten.
Bapak                : Ya wis siki resikna. Bapak rep ngaso sik ...
Ibu Tiri              : Bapak purun didamelaken kopi?
Bapak                : Nggih bu ...

*  Ibu nggawe kopi
Ibu Tiri              : Niki pak kopinipun.
Bapak                : Matur nuwun bu.
*  Dina sesuke
Ibu Tiri              : Pak , niku Bawang Putih mboten purun ngapa-ngapa. Kerjaane mukur nyante-nyante tok.
Bapak                : Ya wis , mangke Bawang Putih tak omongi.
*  Bapak nemoni Bawang Putih
Bapak                : Putih , mriki kandani
Bawang Putih   : Napa pak?
Bapak                : Jere ibu , kowe nang umah ra gelem ngapa-ngapa. Kaya kuwi ya kerjaane nek ra ana Bapak?
Bawang Putih   : (mukur meneng)
Bapak                : Deneng ra njawab? Berarti omongane ibu bener ya?
Bawang Putih   : (mukur temungkul karo nangis)
Bapak                : Putih!!! (nyekel dada amarga penyakit jantunge kumat lan teras tiba).
Bawang Putih   : Bapak ... Bapak kenging napa pak?
Ibu Tiri              : Putih , kowe ngapakna Bapak? Kowe pengin Bapak cepet mati ya? Ya wis , sageh gawa Bapak meng kamar?
*  Sakwise pirang wulan , amarga ibune kesel ngurusi bapak sing mriyangen. ibu Bawang Merah nuker obat sing asli karo obat liya. Bawang Putih kaya biasane terke obat marang bapak.
*  Wonten kamaripun bapak
Bawang Putih   : Pak , niki kula mbetoaken obat.
Bapak                : Iya , matur nuwun Putih.
Bawang Putih   : Nggih pak ...
*  Sakwise ngumbe obatipun , bapak kejang-kejang.
Bawang Putih   : Pak , Bapak kenging napa? Ibu , mba mriki cepetan ...
Bawang Merah  : Bapak , Bapak kenging napa?
lan Ibu Tiri
Ibu Tiri              : Putih , kowe ngapakna Bapak?
Bawang Putih   : Putih mboten ngertos bu ... (karo nangis).
Sakwise bapak dikubur , Bawang Putih urip dewekan kaliyan siksanipun ibu tiri lan Bawang Merah.
*  Enjing niku Bawang Merah ngomel-ngomel
Bawang Merah  : Bu ... Ibu ... klambiku kotor kabeh ki , wis ora ana sing bersih , ora ana sing ngumbaih apa bu?
Ibu Tiri              : kowe nangapa sih nduk? Isuk-isuk kok wis ngomel.
Bawang Merah  : Ndelo ki bu , klambiku kotor kabeh , mambu maning.
Ibu Tiri
loading...